Rabu, 28 Juli 2010

Mino

Awakmu sumebar warna kang endah
wuninga sliramu kadya bungah
alon-alon bebarengan anggonmu jumangkah
Awakmu mbok pageri ri-ri sing kuwawa
kumlebat siripmu bisa nglarakake wong kang sura
ing warna kang congkrah,murtimu bisa mateni janma
racunmu tan ketara,bisa nggawa pramana
untumu kang landhep bisa ngejur-jur marang sapadha
mangka sangka iku ngati-ngatia para manungsa
amarga mino bisa tumeking pralaya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar